Ora Butuh Jalma Linuwih
Opo tegese pinter yen mung kanggo minteri wong liyo? opo tegese sekti mandraguna yen kesaktiyane namung kanggo sesonggaran, umuk umukan keporo nyilakani wong liyo opo tegese sugeh bondo yen mung kanggo merine sing ana ing kiwa-tengene? Ateges janma linuwih iku ora dibutuhake maneh?
Mengko dhisik. Kepinteran, kasekten, lan kesugihan pancen mujudake tandha-tandha kaluwihaning manungsa. Sok sapaa kang nduwe kepinteran luwih saka liya-liyane, mesthi bakal ingaranan wong wasis. Mula wong kaya mangkono iku pantes dadi paran pitakonan lan bisa diarep-arep bisa ngudhari sakehing perkara. Kuwi yen bener panganggone. Yen ora bener, bisa tiba ing kosok balen. Dene kanthi kasekten, wong ora mung dadi luwih percaya dhiri, nanging uga bakal gawe wedine mungsuh lan sengseme kanca-rowang. Mula wong banjur padha ngudi piye bisane sekti. Ana kang kanthi gladhen amrih saya limpad lan rosa, nanging uga kanthi nambah kekuwatane jiwa.
Emane, kasekten iku akeh-akehe kandheg ing babagan atose balung wulete kulit. Mula banjur ana sesebutan ”sekti mandraguna tinatah mendat jinara menter ora tedhas tapak palune pandhe sisane gurinda” utawa ”ditumbak lakak-lakak dibedhil mecicil”. Nanging kasekten ing tata lair mau adhakane bisa njlomprongake marang sing kedunungan dadi nduwe ambeg kumalungkung, sapa sira sapa ingsun. Kasekten pancen bisa marakake wong dadi sesongaran lan hawane mung golek mungsuh. Mulane kasekten lair wae ora cukup. Kudu linambaran sektine batin. Iku kang bisa diarep-arep bakal ngeker marang hardaning kanepson, meper marang krenteg sesongaran.
Dene kanthi bandha, manungsa temene luwih jembar tebane anggone bakal tumindak. Kanthi bandha, manungsa bisa ”asung boga marang kang kaluwen”. Nanging sok-sok kanthi bandha iku, wong banjur nguja ”maksiat batin” kanthi rumangsa entuk hiburan yen bisa weweh marang ”kang kaluwen” tanpa ngrekadaya amrih bisane ”sing keluwen” kuwawa dhewe ”ngupaya upa”. Pemberdayaan, istilahe saiki. Sing luwih cilaka maneh yen bandha iku malah njalari dadi lali marang purwa duksina. Bandha marakake wong dadi ngangsa uripe.
Mula saiki, kang dibutuhake dudu dudu jalma linuwih yen kaluwihane mau mung kango ngungkul-ungkuli. Dudu manungsa linuwih, yen kaluwihane mung kanggo ngasorake lan nyengsarakake sapepadha-padhane tumitah. Cethane, kang dibutuhake dudu tekane kawula kang kumratu-ratu, nanging ratu kang kumawula. Persis karo sing kaimpun ing sipat wolu kayadene ing astabrata. Kanthi nduwe sipat-sipat kayadene segara, angin, srengenge, lan sapiturute, temene manungsa iku bakal nduwe teges lan dibutuhake marang sakabehe kang tumitah. Kanthi samadya, temene manungsa uga ora kurang maknane, tumrap sapepadha-padhane, luwih-luwih kanggo sing dipimpin.