Ora Butuh Jalma Linuwih
Opo tegese pinter yen mung kanggo minteri wong liyo? opo tegese sekti mandraguna yen kesaktiyane namung kanggo sesonggaran, umuk umukan keporo nyilakani wong liyo opo tegese sugeh bondo yen mung kanggo merine sing ana ing kiwa-tengene? Ateges janma linuwih iku ora dibutuhake maneh?
Mengko dhisik. Kepinteran, kasekten, lan kesugihan pancen mujudake tandha-tandha kaluwihaning manungsa. Sok sapaa kang nduwe kepinteran luwih saka liya-liyane, mesthi bakal ingaranan wong wasis. Mula wong kaya mangkono iku pantes dadi paran pitakonan lan bisa diarep-arep bisa ngudhari sakehing perkara. Kuwi yen bener panganggone. Yen ora bener, bisa tiba ing kosok balen. Dene kanthi kasekten, wong ora mung dadi luwih percaya dhiri, nanging uga bakal gawe wedine mungsuh lan sengseme kanca-rowang. Mula wong banjur padha ngudi piye bisane sekti. Ana kang kanthi gladhen amrih saya limpad lan rosa, nanging uga kanthi nambah kekuwatane jiwa.
Emane, kasekten iku akeh-akehe kandheg ing babagan atose balung wulete kulit. Mula banjur ana sesebutan ”sekti mandraguna tinatah mendat jinara menter ora tedhas tapak palune pandhe sisane gurinda” utawa ”ditumbak lakak-lakak dibedhil mecicil”. Nanging kasekten ing tata lair mau adhakane bisa njlomprongake marang sing kedunungan dadi nduwe ambeg kumalungkung, sapa sira sapa ingsun. Kasekten pancen bisa marakake wong dadi sesongaran lan hawane mung golek mungsuh. Mulane kasekten lair wae ora cukup. Kudu linambaran sektine batin. Iku kang bisa diarep-arep bakal ngeker marang hardaning kanepson, meper marang krenteg sesongaran.
Dene kanthi bandha, manungsa temene luwih jembar tebane anggone bakal tumindak. Kanthi bandha, manungsa bisa ”asung boga marang kang kaluwen”. Nanging sok-sok kanthi bandha iku, wong banjur nguja ”maksiat batin” kanthi rumangsa entuk hiburan yen bisa weweh marang ”kang kaluwen” tanpa ngrekadaya amrih bisane ”sing keluwen” kuwawa dhewe ”ngupaya upa”. Pemberdayaan, istilahe saiki. Sing luwih cilaka maneh yen bandha iku malah njalari dadi lali marang purwa duksina. Bandha marakake wong dadi ngangsa uripe.
Mula saiki, kang dibutuhake dudu dudu jalma linuwih yen kaluwihane mau mung kango ngungkul-ungkuli. Dudu manungsa linuwih, yen kaluwihane mung kanggo ngasorake lan nyengsarakake sapepadha-padhane tumitah. Cethane, kang dibutuhake dudu tekane kawula kang kumratu-ratu, nanging ratu kang kumawula. Persis karo sing kaimpun ing sipat wolu kayadene ing astabrata. Kanthi nduwe sipat-sipat kayadene segara, angin, srengenge, lan sapiturute, temene manungsa iku bakal nduwe teges lan dibutuhake marang sakabehe kang tumitah. Kanthi samadya, temene manungsa uga ora kurang maknane, tumrap sapepadha-padhane, luwih-luwih kanggo sing dipimpin.
ANDHAP ASHOR
Pitutur luhur iki tansah ngelingake marang bebrayan Jawa, amrih nyingkiri tumindak ala sarta sifat umuk ana ing pasrawungan panguripan saben dinane. Sifat andhap asor, lembah manah kosok balen karo watak adigang, adigung lan adiguna, kang ngumukake dhirine dumeh lagi duwe kekuwatan kang gedhe, rosa, kaluwihan tinimbang liyane sahengga nduweni watak umuk.
Adigang, gambaran watak kidang kang ngumukake dumeh playune banter, lincah lan cepet. Adigung, gambaran sifate gajah kang ngendelake yen awake gedhe, rosa lan mesthi menang tinimbang kewan liyane. Adiguna, gambaran sifate ula kang ngumukake dumeh duwe wisa kang mandi, ganas lan bisa pepati.
Drs Pardi Suratno MHum lan Henniy Astiyanto SH nulisake ing bukune Gusti Ora Sare ‘65 Mutiara Nilai Kearifan Budaya Jawa’ nandhesake, minangka bebrayan Jawa wis samesthine yen tansah munjerake watak andhap asor lan lembah manah. Tansah ngajeni wong liya ana ing pasrawungan, jalaran sadhar menawa urip kuwi kudu tulung-tinulung, siji lan sijine. Mbutuhake bantuane wong liya, mula aja banjur rumangsa paling kuwat, pinter, apa maneh nalikane nduweni wewenang ana masarakat.
Apamaneh yen kabeh kaluwihane mau banjur kanggo nyilakake wong liya, gawe rugine masarakat lan sapanunggalane. Nalikane duwe panguwasa, aja nganti gawe kuciwane rakyat utawa andhahane. Kanthi nduweni sifat andhap asor lan lembah manah, minangka pimpinan bisa kanggo panutan tumrap masarakat ana madyaning pasrawungan. Minangka wong sing duwe panguwasa, wewenang, kekuwatan, kalungguhan, nyadhari menawa kabeh mau mung amanat kang kudu ditindakake kanthi becik. Kalungguhan kang saya dhuwur, kaluwihan ilmu kang saya jembar, panguwasa kang saya gedhe, aja nganti ndadekake sifat umuk ana sangarepe wong akeh. Jalaran kabeh mau sifate mung gadhuhan saka Kang Maha Kuwasa, mula yen sawayah-wayah dijaluk maneh statuse bakal bali kaya wingi uni maneh.
Duweya ngelmu pari, saya tuwa saya ndhungkluk lan saya isi, tegese saya tuwa umure, saya dhuwur ilmune, saya gedhe panguwasane, wong mau kudu andhap asor, lembah manah, gambaran sawijining sikep kang dilandhesi lan keyakinan menawa isih akeh kekurangane
The Dhandhanggula
Dhandhanggula
Pawitane wong urip puniki, pan sadasa lamun datan bisa, nistha kuciwa dadine, dhihin karêm ing ngelmu, kaping kalih bisa angaji, ping tiga bisa maca, ping sakawanipun, kudu ahlul anênurat, kaping lima wignya anitih turanggi, ping nêm bisa bêksa.
Kaping pitu kudu wruh ing gêndhing, kaping wolu apan kudu bisa, têmbung kawi têmbang gêdhe, ping sanga bisa iku, ulah yudha gêlaring jurit, limpad pasanging grahita, ping sadasanipun, wong urip wekasan lena, den-prayitna ing pati patitis, patitis ing kamuksan.
In the Dhandhanggula Meter
The skills one needs starting out in life are ten. Whoever does not have them will be of low status and disappointing. First is a love of knowledge; second, the ability to recite holy book; third, the ability to read; fourth, the ability to write; fifth, equestrian skills; sixth, the ability to dance.
Seventh is ability in music; eighth a knowledge of literary vocabulary and high poetry; ninth is skill in military arts and tactics; high spiritual attainment is tenth. Life must end in death. Learn the right way of dying, the skill of separating from the body.
Hello world!
Welcome to WordPress.com. This is your first post. Edit or delete it and start blogging!